ora cucul orangebul

Wednesday, September 18, 2013

Lirik Lagu-Ngelmu Pring ROTRA


Reff :
Pring reketeg gunung gamping ambrol, ati kudu teteg ja nganti urip ketakol.
Pring reketeg gunung gamping ambrol, uripa sing jejeg nek ra eling jebol.

Pring reketeg gunung gamping ambrol, ati kudu teteg ja nganti urip ketakol.
Pring reketeg gunung gamping ambrol, uripa sing jejeg nek ra eling jebol.


Pring deling, tegese kendel lan eling. Kendel marga eling timbang nggrundel nganti suwing.
Pring kuwi suket, dhuwur tur jejeg, rejeki seret, ra sah dha buneg.
Pring ori, urip iku mati. Kabeh sing urip mesti bakale mati.
Pring apus, urip iku lampus. Dadi wong urip aja seneng apus-apus.
Pring petung, urip iku suwung. Sanajan suwung nanging aja padha bingung.
Pring wuluh, urip iku tuwuh. Aja mung embuh ethok-ethok ora weruh.
Pring cendani, urip iku wani. Wani ngadepi aja mlayu marga wedi.
Pring kuning, urip iku eling. Wajib padha eling, eling marang Sing Peparing.

#Reff

Pring iku mung suket, ning omah asale seka pring, usuk seka pring,
cagak seka pring,
gedhek iku pring,
lincak uga pring,
kepang cetha pring, tampare ya mung pring.
Kalo, tampah, serok, asale seka pring.
Pikulan, tepas, tenggok, digawe nganggo pring.
Mangan enak mancing iwak, walesane ya pring.
Jangan bung aku gandrung, jebule bakal pring.

Nek ngono pancen penting, kabeh sing nang nggon wit pring.
Pancen penting tumraping manungsa sing dha eling.
Eling awake, eling pepadhane, eling patine, lan eling Gustine.
Wong urip kudu eling, iso urip seka pring.
Tekan titi wancine ya digotong nganggo pring.
Bali nang ngisor lemah, padha ngisor oyot pring.
Mulane padha eling, elinga Sing Peparing.

#Reff

Ora bakal bubrah marga iso melur…
Kena dinggo mikul, ning aja ketungkul
Urip kuwi abot, ja digawe abot…
Akeh repot, sak trek ora amot
Mulane uripmu aja dha kaku….
Melura, pasraha, ra sah dha nesu
Aja mangu-mangu ning terus mlaku…
Sanajan ro ngguyu aja lali wektu
Kowe bakal bisa urip rekasa….
Ning kudu percaya uga sregep ndonga
Gusti paringana, luwih pangapura…
Marang kawula ingkang kathah lepat lan dosa

Aja nggresula, aja wedi
Dudu kowe, ning Gusti sing mesti luwih ngerti….
Ngatur urip lan mati,
Nyukupi rejeki,
Paring tentreming ati,
Cukup sandang pangan papan,
Bakal mukti pakarti….

No comments:

Post a Comment